Matoa
Matoa | |
---|---|
Matoa kanthi woh kang durung mateng | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Sapindaceae |
Génus: | Pometia |
Spésies: | P. pinnata |
Jeneng binomial | |
Pometia pinnata |
Matoa nduwéni jeneng latin Pometia pinnata. Matoa iku woh-wohan asli Papua.[1] Matoa nduwéni rasa kang mirib kaya woh rambutan utawa woh klengkeng.[1] Wit matoa urip dhuwur lan kayuné bisa kanggo mébel utawa kusén-kusén omah.[1] Matoa kalebu tuwuhan kang wohé musiman.[1] Matoa ngawoh ing sasi September nganti Oktober nalikane mangsa katiga.[1] Matoa thukul ing kabèh wewengkon kepulauan Cendrawasih.[1]
Woh
[besut | besut sumber]Matoa nduwéni woh kang dhapuré bunder lonjong, ukuran wohé kira-kira méh padha karo endhog utawa woh jambe.[1] Woh matoa dawané 1,5-5 cm lan dhiameteré 1-3 cm.[1] Woh Matoa duwé kulit lunyu wernané coklat semu ireng nalika mateng.[1] Matoa kang isih enom lan mentah wernané kuning semu ijo.[1] Matoa ana uga kang wernané ijo semu kuning.[1] Matoa nduwéni kulit ari kang rupané putih bening.[1] Kulit ari némplék ing daging woh matoa.[2]
Ing Papua Nugini, woh matoa diarani Taun.[1] Ing tlatah-tlatah liyané ana kang ngarani ganggo, jagir, jampania, kasai, kase, kungkil, lamusi, lanteneng, lengsar, mutoa, pakam, sapen, tawan, tawang lan wusel.[1]
Habitat
[besut | besut sumber]Saliyané urip ing Papua, matoa uga bisa urip ing Maluku, Sulawesi, Kalimantan, lan Jawa.[2] Matoa bisa urip ing panggonan kang dhuwuré 1.400 mèter ing sandhuwuré sagara.[2] Saliyané ing Indonésia, matoa uga urip ing Malaysia, Papua Nugini kang dunungé ing wétan Papua, lan ing tlatah tropis ing Australia.[2] Matoa urip alasan ing alas-alas.[2] Matoa iki sakjinis karo tuwuhan kulawarga rambutan-rambutanan utawa Sapindaceae.[2] Déné jinisé ing basa latin diarani pometia pinnata.[2]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |